newbie
3rd June 2015, 11:31 AM
Arifin/Ipin (8th) cah Jombang sing manggon ndik Ponorogo arep lungo, di-terke mbok'e nyegat
bis nang terminal Ponorogo Kernet Bis : Suroboyo!....Suroboyo bu ??
M'Boke Ipin : Pak' tulung nggih! mengke nek pun tekan
Jombang, lare niki dikandani..!! (karo munggahke Ipin nang
Bis)
Kernet : Nggih bu.....tariiiiik!!!!
(Nang tengah dalan, Ipin takon kernet Bis).
Ipin : "wis cedhak Jombang durung Lik?"
Kernet : "Durung le'.jih suwe."
(Ora let suwe, Ipin takon maneh)
Ipin : "Wis tekan Jombang Lik?"
Kernet : "Durung le'..... jih adhuuooh..!"
(Ipin bosen ora tekan2 akhire keturon)
Bis terus mlaku arah Suroboyo...ora kroso bis wis nglewati
Jombang, Kernet lali pesene mbok'e Ipin, bareng kelingan
kernet langsung omong nang Sopir.... duuh kaaang!.. aku dosa
nang bocah kui !! (Karo nuding Ipin sing lagi turu )
Sopir : Lha kenopo to?
Kernet : Mau mbok'e nitipke..yen tekan Jombang bocahe tulung
kandhanono.
Supir : Waah lha piye kowe kui? Jombang wis kliwat adoh!
(Sopir bingung)
Tujune Sopire apik gelem balik nang Jombang, sakwise njaluk
persetujuan penumpang liyane mergo mesakke karo si Ipin.
(Sakwis'e bis tekan Jombang, Ipin digugah)
Kernet : Le..tangi le!, wis tekan Jombang ki ( nggoyak2 awak-e
Ipin)
Ipin njenggirat : Wis tekan Jombang lik?? (Karo grusa grusu
mbukak kantong! ngetokke sangune :sego, Sambel, Lawuhe
Iwak Asin)
Kernet : Arep mudhun kene lee ???
Ipin: "Ora lik... wong aku arep nang Suroboyo, mau mbokku
pesen, Sangune mengko dipangan nek wis tekan Jombang wae
ya lee..!!"( karo muluk segane ).
Jare kernet + supir + penumpang : " WEDHUUUUS.... UAASEEM TENAN cah iki !!!!
TIWAS MBALIK !!!!! 😠😡😤😖